Kamis, 13 September 2012

Wara-wara

Wara-wara ing Bahasa Indonesia artine “Pengumuman”, Wara-wara diwaca woro-woro. Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé. Jenise wara-wara ana loro yaiku: 1. Wara-wara Resmi Ciri-cirine wara-wara resmi: a. Nganggo kepala surat kadinasan b. Ana nomer wara-wara c. Basa sing digunakake basa sing ringkes, jelas lan resmi d. Ana tanda asta utawa stempel saka sing gawe wara-wara 2. Wara-wara ora Resmi Ciri-cirine wara-wara ora resmi: a. Ora nganggo kepala surat kadinasan b. Ora ana nomer wara-warane c. Basa ora resmi utawa basa sedina-dinane Bab-bab sing kudu dingerteni sadurunge gawe wara-wara: 1. Nemtokake topik sing digawe 2. Nemtikake tujuan 3. Nemtokake isi utawa pokok-pokok 4. Kanggo sapa wara-wara iku 5. Ngangge basa sing cocok dening wong-wong sing maca wara-wara Bab-bab sing kudu digatekake sajroning wara-wara yaiku: 1. Pocapan kudu bener lan trep 2. Lagune kudu digatekake 3. Sikap kudu apik 4. Nguasai isine wara-wara iku 5. Pandangane ing anggone teks maca lan wong-wong sing ngrungokake. Perangane Wara-Wara 1. Judul/Irah-irahan 2. Adangiyah/salam taklim 3. Bebuka/Pambuka 4. Surasa Basa/ Isi 5. Wasana Basa/ Panutup 6. Panggenan lan titi mangsa 7. Peprenah/jabatan 8. Tapak Asta 9. Asma Terang *** WARA-WARA assalamu'alikum wr.wb Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas. Awit saking punika, benjing dinten : selasa, surya : 11 oktober 2011 para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak. Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Boyolali,11 oktober 2011 Waka Humas, ttd Kasman dimejo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar